winginane, nek gak salah rong dinoan wingi, aku kudu manceng, aku kondo nek wong tuaku, aku takok bapaku, "pak, bangi caceng iku nyerot ta gak pak?" bapaku njawab, "ape lapo? ojo ojo, wes gak usang manceng, gak iso...".
kejadian koyok ngono iku nek gak salah wes tau kedaden sampek peng papat limonan, nek gak salah mergo aku dewe yo lali. poko'e akeh lah, luweh ko telu.
iku kaet aku cilik sampek aku saiki, seng menurutku aku iku wes gedi, gak usah lah mengeng-mengeng seng koyok ngonoku, iku seng garai aku rumongso gak iso lapo-lapo keporo dipengeng iku mau.
mengeng-mengeng ngonoku koyok medotno semangate wong seng pengen ngerti iki iku lan liya-liyane, tapi kapan jek durong ngelakoni ae wes dilarang... iku piye??? padahal yo penggaweane pinginane iku mau yo gak macem-macem, gak reno-reno. yo gak oleh menisan..
eeeeh nasib cah, engko kapan dibantah ngonoku mesti alasane metu. alasane yo wes kepikiran nek utekku.. wes gak liyo-liyo, mesti podo karo alasan seng mbengen-mbengen, "bapak iki bodoh, penggawean koyok ngono iku mlarat, mok megelno awak tok, mangkane awakmu iku disekolahno seng pinter ben gak koyok bapakmu iki...". mesti jawabane koyok ngono, gak ngiro gak. kenek opo aku iso ngomong ngono? wes jelas, mergo iku wes kedaden bolak-balek..
akhire aku anake rumongso seng disekolahno iku kepekso ngerteni bapaku seng gak tau ngerteni aku masalah-masalah cilik koyok ngono iku...
masalah-masalah ngono iku, iku yo iso dirasakno adeku, yo pance wes modele ngono...
yo pance wes modele koyok ngono wong tuone... kon piye maneh?? kene seng dadi anake yo kudu ngerteni..., jare mbaku.
ngerteni yo ngerteni tapi yo gak ngene yonan, mbaku yo termasuk wong kolod koyok pa'e ma'e, dadine kapan dibantah ngene ngono mesti ae ono alasane, koyok ma'e. gak tau gelem ngakoni kapan seng tak rasakno iku yo gak salah, bener temen yo gak sepiro, tapi kan iso podo-podo ngerteni, gak mbos ngene ngene ngene... dadi, aku iku rumangsane salah teros.... gak tau na gak salah...
iku salah sijine contoh pengengan-pengengan seng tak rasakno ko wong tuo...
jek akeh maneh seng liyo-liyone...